Senin, 17 November 2008

khutbah narkoba

Narkoba
الحمد لله الذى هدانا لهذا وما كنّا لنهتدي لولا أن هدانا الله، من يهداللهُ فلا مضلّ له، ومن يُضللْ فلا هادي له، أشهد أن لا اله إلاّ الله وحده لا شريك له، وأشهد أنّ سيّدنا محمّدا عبده ورسوله لا نبيّ بعده. اللّهمّ صلّ وسلّم على سيّدنا محمّد وعلى اله وصحبه ومن وّالاه. أمّأ بعد : فيا عباد الله، اتقوا اللهَ إنّ اللهَ يحبُّ المتّقين.
Sidang jum'ah ingkang minulya,
Sumonggo kito tansah ningkataken iman lan taqwa kito dhumateng Allah swt, supados pikantuk kabegjan wonten ing dunyo lan akhirot. Inggih pniko tansah nglampahi perintahipun tuwin nebihi awisan2ipun. Mangertoso bilih salah setunggal awisanipun Allah ingkang kedah kito tilar, inggih meniko nginum khomr lan sedoyo perkawis ingkang saget damel risakipun akal lan pikiran manungso. Kito ampun ngantos parek2 dateng khamer, amargi menawi tiang sampun nate nginum khamer badhe ketagihan lan awrat sanget bilih bade nglereni anggenipun nginum khamr.

Poro rawuh rohimakumullah
Menawi kito persani lumantar media masa, punopo meniko Koran, tv, radio lan sak sanes2ipun, katah kedadosan ingkang nggadahi sangkut paut kalian narkoba ingkang dipun wastani ganja,sabu2, ekstasi, nipam lan sak pinunggalanipun. Kados peristiwa kematian amargi nginum/ngisep ganja/sabu2 kanti over dosis, tawuran ingkang dipun jalari saking pengaruh narkoba, pencurian utawi penodongan ingkang kasilipun dipun damel tumbas narkoba, lan tasek katah sanget kejahatan ingkang dipun jalari saking narkoba.
Peristiwa kados mekaten saben wekdal mboten sansoyo kirang malah sansoyo tambah, tahun dumugi tahun. Senajan sampun wonten tindakan tegas saking aparat lan pemerintah dumateng sinten kemawon ingkang terbukti menyalahgunakan narkoba, punopo niku bandaripun, pengedar utawi pemakai, ananging kados mboten wonten labetipun. Jumlah kasus lan korban narkoba sansoyo tambah, ngantos kito sedoyo khawatir dhumateng kawontenan puniko.
Ingkang damel kito sansoyo prihatos lan sedih inggih puniko katah korban narkoba saking generasi muda ingkang bade nggentosi kito sedoyo menawi kito sampun pejah. Sinten ingkang nerusaken mbangun negeri puniko menawi generasi muda sampun mboten saget dipun andalaken. Generasi ingkang kedahipun belajar lan makaryo kanti sae, malah terjerumus dumateng lelampahan ingkang saget ngrisak masa depan, baik masa depanipun piambak ugi masa depanipun negari padahal pemuda ageng sanget peranipun ing tembe, sae awonipun umat lan negari tergantung pemudanipun.
إنّ فى يد الشبان أمر الأمة و فى أقدامهم حياتها
ugi شبان اليوم رجال الغد
Hadirin siding jum'ah ingkang minulyo
Sejatosipun narkoba sampun dipun sebat wonten Alqur'an senajan mboten terang2an ndawuhaken mekaten, ananging kanti istilah khamer, inggih puniko
يا أيّها الذين امنوا إنّما الخمرُ والميسِرُ والأنصابُ والأزلامُ رجسٌ من عمل الشيطانِ فاجتنبواه لعلّكم تُفلحونَ (المائدة :90)
Artisipun kirang langkung mekaten "He, wong2 kang podo iman, sejatine khomr, judi, ngundi nasib nganggo panah, korban kanggo berhala iku penggawean kang najis kelebu penggaweane syetan. Mulo tinggalno penggawean iku supoyo siro kabeh oleh kabegjan.
Khmr ingkang kasebat wonten ayat puniko dipun tafsiri dening ulama ahli tafsir bilih : sedoyo perkawis ingkang menawi dipun inum saget dadosaken ical akal sehatipun tiyang ingkang nginum kolowau. Tiang ingkang nginum khomr saget ical akal sehatipun, sehinggo mboten saget mikir kanti sae, akalipun dangu2 saget risak lan akibatipun dadosaken risak jasmani ugi rohani, dawuhipun rosulullah
كلُّ شَرابٍ أسكَرَ فهو حرامٌ (رواه البخارى والمسلم)
Artosipun : Kabbeh perkoro kang mabukake iku hukume haram
Saking penafsiran puniko, sedoyo jenis narkoba lajeng kalebet dumateng khmr, amargi narkoba nggadahi akibat kados khamr. Menawi khmer dipun larang dening Allah temtunipun sedoyo jenis narkoba ugi dipun awis dening Allah, amargi ndadosaken kerisakan domateng tiang2 ingkang ngginakaken narkoba lan kerisakan dating masyarakat. Senajan khmr dipun sebat nggadahi manfaat setengah tiang, ananging bahayanipun langkung kathah, sehinggo dipun awis dining Allah kados ingkang kasebat wonten Alqur'an :
يسئلونَكََ عن الخمر والميسر* قُلْ فيهما إثمٌ كبير ومنافعُ للنَّاسِ* وإثمهما أكبر من نفعهما (البقرة :219)
Artosipun : wong2 podo takon marang siro (Muhammad) babagan khamr lan maisir (judi), ngucapo siro yen sak temene khamr lan judi iku duweni bahaya kang gede lan ugo duweni manfaat marang menungso. Ananging bahayane luwih gede tinimbang manfaate.
Kados dene khamr, narkoba sejatosipun dipun ginaaken kangge pengobatan lan medis, lan dipun ginaaken miturut dosis ingkang sak mestinipun. Ananging menawi narkoba dipun ginaaken kanti sembarangan lan dipun ginaaken mboten kanti dosis ingkang leres, temtu dadosaken bahaya dhumateng tiang, langkung2 menawi sampun ketagihan, saget awrat sanget bilih badhe nilar narkoba.
Tiang ingkang ginaaken narkoba bade risak badanipun amargi akal pikiranipun mboten sehat maleh. Masyarakat ugi risak amargi narkoba dados jalaran wontenipun tawuran, pembunuhan lan sedoyo kejahatan. Kados dawuhipun Allah.
إنّما يريد الشيطانُ أن يّوْقِعَ بينكُمُ العداوَةَ والبَغْضآءَ فى الخمر والميسِرِ وَيَصُدَّكُمْ عن ذكر اللهِ وعنِ الصّلاةِ فهلْ أنتمْ مُّنْتَهُونَ (المائدة:91)
Artosipun : sak mestine syetan iku kerep ndadeake permusuhan permusuhan lan kebencian ing antarane sira kabeh jalaran khamer lan judi, lan kang ngalang-ngalangi siro songko iling marang Allah lan sholat, mulo apo siro kabeh ora gelem nglereni khamr lan judi
Ayat kasebat dipun turunaken dening Allah, amargi wonten kedadosan, wekdal zaman nabi Muhammad, sesamه sahabat sami tukaran sak sampunipun nginum khomr lan sami mabuk. Pramilo lajeng gusti Allah ngelarang dumateng sahabat saking nginum khamer lan judi kolo wau.
Kanjeng nabi Muhammad sampun dawuh
الخمر أمّ الفواحِشِ وأكبرُ الكبائرِ (رواه الطبرانى)
"Khamer iku kang njalari kabeh penggawe olo lan gede-gedene doso"
Hadirin ingkang minulyo,
Kito sedoyo temtu yakin bilih dawuhipun Allah lan kanjeng nabi Muhammad puniko, sak estu leres. Amargi menawi tiang ingkang sampun rusak akal sehatipun, temtun bade nglampahi menopo kemawon ingkang dipun kajengaken, mboten peduli malih dumateng aturan agami, negari nopo maleh norma2 wonten masyarakat. Piambakipun mboten nggadahi akhlak, lan mboten mangertos pundit perkawis ingkang leres lan sahe, lan pundit perkawis ingkang lepat lan awon.
Pramilo saking puniko, kito sedoyo ngatos-atos ampun ngantos klebet dhumateng golonganipun tiang ingkang remen khamr / narkob. Kito kedah njagi keluarga kito ugi masyarakat saking lelampahan kados mekaten. Ampun ngantos kita angkat tangan masrahaken perkawis puniko dhumateng pemerintah / aparat ingkang berwajib. Kito kedah sak iyek sak eko proyo sesarengan mujudaken masyarakat ingkang bebas narkoba sehinggo masyarakat ingkang sehat lan tentrem saget kito wujudaken. Amiin
أقول قولي هذا وأستغفراللهَ العظيمَ لي ولكم ولسائرِ المسلمينَ والمسلماتِ فاستغفرُوه إنّه هو الغفورُ الرَّحيم.

الخطبة الثانية
الحمد لله الذى هدانا لهذا وما كنّا لنهتدي لولا أن هدانا اللهُ، من يهداللهُ فلا مضلّ له، ومن يُضللْ فلا هادي له، أشهد أن لا اله إلاّ الله وحده لا شريك له، وأشهد أنّ سيّدنا محمّدا عبده ورسوله لا نبيّ بعده. اللهمّ صلّ وسلّم على سيّدنا محمّد وعلى اله وصحبه ومن تبَِعَ هداية. أمّا بعد : فيا أيّها الناسُ اتّقوااللهَ مااسْتطعتمْ، وسارعوا إلى مغفرةِ ربِّكم، واعلموا أنّ الله صلّى على نبيِّهِ قديما، إنّ اللهَ وملائكتَه يصلّون على النّبيِّ يآأيّها الذين امنوا صلّوا عليه وسلّموا تسليما. اللهمّ صلّ وسلّم وبارك على محمّدٍ وعلى اله وصحبه والتّابعينَ وتابع التّابعين وارضَ عنّا معهم برحمتك يآ أرحم الرّاحمين
اللهمّ اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات. اللهمّ أصلِحْ أحوالَنا وبلِّغْ مِمّا يُرْضِيْكَ أمالنا واخْتِمْ بالصَّالحات أعمالَنا وبالحُسنى والسَّعادةِ أجَالَنا وَتَوَفَّنا وأنت راضٍ عنّا. ربّنا لاتؤاخذنا إن نسينا او أخطأنا. ربّنا ولا تَحْمِلْ علينا إصرا كما حملتَه على الذين من قبلِنا. ربّنا ولا تُحمِّلنا ما لا طاقَةَََ لنا به، واعف عنّا واغفر لنا وارحمنا أنت مولانا فانصرنا على القوم الكافرين.
عبادالله! إنّ الله يأمُرُكُم بالعَدْلِ والإحسانِ وإيتائ ذِى القربى ويَنْهى عن الفحشاءِ والمُنكرِ والبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّّكم تَذَكّرون، فاذكروااللهَ العظيمَ يَذْكُرْكم واشْكُرُوا على نِعَمِهِ يَزِدْكم وَلَذِكْرُ اللهِ أكبر.

0 komentar: